Thursday, December 1, 2016

TRESNO WARANGGONO

Nelongso roso rasane
Tangis njroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Laras swara gending tresno
Gawe kangene atiku
Tansah eling aku ro sliramu

Duh kangmas sak tenane
Aku ngerti atimu
Ning wes pestine
Aku dudu jodomu
Pancen roso kari kroso
Kudu lilo nggonmu nrimo
Lilakno aku nyanding priyo liyo

Ra kroso wes sewindu
Nggonku ra ketemu
Kegugah atiku krungu swaramu
Aku mung biso ndedongo
Waranggono sing tak tresno
Mugo bisi urip tentrem mulyo

Tak tulis lakon tresnamu
Ning gending katresnanku
Tak tembangke
Saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis
Nanging tresno wes ginaris
Tak lakoni kanthi ikhlas ati

Wuyungku ngelayung
Ngamboro ing awang-awang
Tanpo biso nyanding
Aku mung biso nyawang
Tumetes eluhku
Deres mili ono pipi
Opo tresno iki
Pancen ra kudu nduweni

Wes lilakno kangmas
Wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki
Bakal dadi crito tresno waranggono

No comments:

Post a Comment